Tuesday, 16 February 2016

Kuliner Khas Ponorogo

Ponorogo......Akehe masyarakat yen keprungu kata Ponorogo mesthi mengkaitkan karo Seni Reog Ponorogo kang faktane wis terkenal sak indenge Jagad Raya. Kabapaten Ponorogo didirikan dening R Bathoro Katong Pangeran putra Majapahit. Wilayah Ponorogo sisih lor perbatasan karo kabupaten Madiun, yen sisih lor kulon jejer kabupaten Magetan, Sisih kidul berbatasan karo Pacitan dene sisih wetan berbatasan kabupaten Trenggalek lan Tulungagung.
Nanging kanggone masyarakat Ponorogo sing lagi merantau kaya aku dhewe wis metu teko kabupaten Ponorogo wiwit tahun 1992 sing dikangeni  kajaba Reog mesthi kangen panganan khas Ponorogo. kanggoku Ponorogo duwe panganan utowo makanan khas kang rasane bedo yen disandhingke panganan sejenis teko daerah liyane yaiku :
  • Sego Pecel Ponorogo 
Sego Pecel iku sego sing diwenehi  lawuh  Pecel kanggo mangan. Umume pecel kuwi ana Kuluban kang terdiri saka godhong=godhongan/sayuran ( bayem, kangkung, lembayung, godhong telo kaspe, kembang turi, kara enom, ugo kecambah/capar, mentimun acar ), Ugo ono sambel kacang kang rasane bedo dibandhingake sambel pecel teko Kediri, Tulungagung . Trus lawuhane liyane ono peyek, tempe goreng, ugo daging ayam goreng utowo sundukan. Ing wilayah Ponorogo akeh warung sego Pecel kang buka wiwit isuk, awan sore tekan bengi. Dadi ora sumelang yen poro sedulur pas neng Ponorogo lek kepingin dhahar sego Pecel gampang golekane sebabe akeh sing bakulan.

  • Jenang Dodol
Jenang iku jajanan kang digawe saka tepung beras/ketan, gula, lan bahan-bahan liyane. Saiki jeneng duwe rasa kang macem macem. Ana jeneng rasa kentang, pisang, apel, lan akeh maneh. Jenang Ponorogo sing wis kondhang iku produksi Mirah kecamatan Jetis, ugo Jenang produksi dalam kota ono ing jalan Wilis lan Wibisono. Yen pas libur para perantau asal Ponorogo yen balik akeh kang nggowo jenang kanggo buah tangan.
  • Dhawet nJabung
Dhawet iku minuman khas kang digawe teko santene kambil, cendol, gempol beras kang gurih lan ora keri diwenehi pemanis/juruh teko legen. Dhawet krasa seger lan enak yen diombe wayah awan. Panggonan dhawet kang wis kondhang manggon ing prapatan nJabung Mlarak. Regane cukup terjangkau mulane kanggo para sedulur kang kunjungan menyang Ponorogo rasane ora puas yen durung njajal ngunjuk dhawet nJabung.
  • Sate ayam Ponorogo
Panganan khas Ponorogo liyane iku Sate Ayam Ponorogo. kang mbedake sate ayam ponorogo karo sate liyane yaiku irisan ayame kang dowo, bumbune ugo sambele. Home Industri Sate Ayam sing terkenal ing Ponorogo manggon ing Gang Sate Kel. Nologaten Ponorogo. Yen pinuju liburan wah...kudu pesen dhisik ywn kwpingin tuku kanggo oleh-oleh sebabe pancen animone masyarakat cukup dhuwur kanggo buah tangan poro sedulure, kadang mitra ing perantauan.