Brotoseno
iku panenggak Pandawa putrane Prabu Pandu Dewonoto patutan karo Dewi
Kunti Talibroto. Duk ing uni Brotoseno linairake wujud bungkus. Sanadyan
pirang-pirang gaman, wong sekti mandraguna kasroyo mbuka bungkus
ewodene ora ono sing kuwowo ambuka. Awit pamrayogane poro seepuh Astina,
kanthi roso abot bungkus dipapanake ing alas Mandalasroyo. Kahanane
bungkus ndadekake geger kahyangan Junggringsaloko satemah nuwuhake
goro-goro.
Ambarengi anane si Bungkus…
Ing
leladan alas Mandolosroyo ono sawenehing Gajah kang lagi pujo broto. Gajah Seno
duwe kekarepan kepengin iso antuk nugroho kasuwargan. Kedadean iki soyo nambahi
horege kahyangan Junggringsaloko satemah nuwuhake goro-goro.
Ing Kahyangan Junggringsaloko
katon Hyang Guru diadhep dening jawoto Suduk udal-udal . Hyang
Guru andangu Hyang Naradho “Kakang
Kaneko Putro, kayangan kapanduk goro-goro meniko goro garanipun menopo Kakang….???
Hyang Naradho wangsulan, “Adhi Guru, goro-goro kang kalampah meniko tuhu wonten
kalih kadadosan. Ingkang sepisan wontenipun si jabang bayi putro Prabu Pandhu saking
negari Astino ingkang awujud bungkus ingkang hinggo sepriki dereng saged
binuko. Dene ongko kalih wontenipun Gajah Seno ingkang nembe pujo broto
nyenyuwun dhumateng poro jawoto kasuwarga.” Hyang Guru, “ooo mekaten Kakang…???”
Hyang Naradho “Kasinggihan dhawuh paduko Adhi Guru.”
Tumuli Hyang Guru dhawuh marang
Hyang Naradho. “Menawi kados mekaten Kakang, kulo nyuwun Kakang Naradho
ngejowantah dhateng wono Mandolosroyo. Saperlu paring dhawuh dhumateng Gajah
Seno , yen pangajabe Gajah Seno saged kalampah waton Gajah Seno saged ambikak
wontenipun si Bungkus. Meniko sarananipun Gajah Seno badhe pikantuk kasuwargan
kedah manunggal sajiwo kalawan bungkus ingkang ing tembe wingkingipun saged
lelabuhan ing bebrayan. Salajengipun Kakang Naradho memanuki Gajah Seno
anggenipun badhe mecah kahananipun si Bungkus.” Hyang Naradho, “Ngestokaken dhawuh
paduko Adhi Guru.”
Sakbanjure Hyang Guru dhawuh
marang Bathoro Bayu, “Kulub Bayu, moro siro ugo enggal tumuruno ing alas
Mandholosroyo. Inggal paringono busono si Bungkus sakdurunge kalakon pecah. Lan
siro ojo kelalen si Bungkus wenehono nugroho awujud kaskten sak murwate.”
Bathoro Bayu, “Inggih romo Pikulun. Kng putro doyo-doyo nindakaken dhawuh
paduko.”
Ing Negoro Astinopuro Patih Haryo
Suman kang piƱatah ngawat ngawati si Bungkus rumongso lego atine. Toto lair
bakal ngawa-ngawati nanging ing batinane bakal anggampangake pengajabe nyirnakne
Bungkus kang dianggep bakal dadi kliliping poro Kurowo olehe kepingin bakal
nguwasani kamukten negoro Astino. Pirang-pirang rekodoyo kanggo nyirnakake si
Bungkus dilakoni dening poro Kurowo atas Iguh pratikele Patih Haryo Suman
ewodene isih durung kasembadan.
Ing alas Mandholosroyo Hyang
Naradho wis mrepegi Gajah Seno kang lagi topo. Sakwise jugar oleh topo nuli
Pikulun Narodho ndhawuhake kang dadi margane Gajah Seno kasembadan gegayuhane.
Sak naliko si Seno angupadi anane si Bungkus ing pangajab bakal binuko.
Bathoro Bayu ora keri wis tedhak
ing alas Mandholosroyo lan tumuli mlebu Bungkus sakperlu amaringi busono lan
kasekten marang si Jabang Bayi.
Ora sawatoro suwe praptaning
Gajah Seno banjur ngudhal-udhal si Bungkus nganggo gadinge kang landhep. Wis titi
mangsane mulo si Bungkus biso binuko lan njegereng metu bocah jejoko kang gagah
prakoso. Rumongso ono sing amrowoso Bocah mau nuli tandhing yudolan Gajah Seno.
Gajah Seno kelakon diprawoso dening si Jejoko ilang kuwandhane gajah nyawiji
marang bocah jejoko.
Hyang Naradho lan Batoro Bayu
banjur nemoni bocah kang lahir songko bungkus lan dhawuhake babagan lelakon
kang wis dumadi. Awit sibungkus suwe olehe lair iku dianggep topo broto, lan sing iso buka bungkus si Gajah Seno. Akhire si
Bungkus diwenehi tetenger Brotoseno. Ing tembe mburine Brotoseno dadi satriyo
Panenggak Pandhowo. Dosonamane Brotoseno antarane BIMA, ABILOWO,
WERKUDORO lan isih ono maneh liyane. Tancep Kayon