Monday, 24 June 2013

Bima Bungkus


Brotoseno iku panenggak Pandawa putrane Prabu Pandu Dewonoto patutan karo Dewi Kunti Talibroto. Duk ing uni Brotoseno linairake wujud bungkus. Sanadyan pirang-pirang gaman, wong sekti mandraguna kasroyo mbuka bungkus ewodene ora ono sing kuwowo ambuka. Awit pamrayogane poro seepuh Astina, kanthi roso abot bungkus dipapanake ing alas Mandalasroyo. Kahanane bungkus ndadekake geger kahyangan Junggringsaloko satemah nuwuhake goro-goro. 
Ambarengi anane si Bungkus…
Ing leladan alas Mandolosroyo ono sawenehing Gajah kang lagi pujo broto. Gajah Seno duwe kekarepan kepengin iso antuk nugroho kasuwargan. Kedadean iki soyo nambahi horege kahyangan Junggringsaloko satemah nuwuhake goro-goro.
Ing Kahyangan Junggringsaloko katon Hyang Guru diadhep dening jawoto Suduk udal-udal .              Hyang Guru andangu  Hyang Naradho “Kakang Kaneko Putro, kayangan kapanduk goro-goro meniko goro garanipun menopo Kakang….??? Hyang Naradho wangsulan, “Adhi Guru, goro-goro kang kalampah meniko tuhu wonten kalih kadadosan. Ingkang sepisan wontenipun si jabang bayi putro Prabu Pandhu saking negari Astino ingkang awujud bungkus ingkang hinggo sepriki dereng saged binuko. Dene ongko kalih wontenipun Gajah Seno ingkang nembe pujo broto nyenyuwun dhumateng poro jawoto kasuwarga.” Hyang Guru, “ooo mekaten Kakang…???” Hyang Naradho “Kasinggihan dhawuh paduko Adhi Guru.”
Tumuli Hyang Guru dhawuh marang Hyang Naradho. “Menawi kados mekaten Kakang, kulo nyuwun Kakang Naradho ngejowantah dhateng wono Mandolosroyo. Saperlu paring dhawuh dhumateng Gajah Seno , yen pangajabe Gajah Seno saged kalampah waton Gajah Seno saged ambikak wontenipun si Bungkus. Meniko sarananipun Gajah Seno badhe pikantuk kasuwargan kedah manunggal sajiwo kalawan bungkus ingkang ing tembe wingkingipun saged lelabuhan ing bebrayan. Salajengipun Kakang Naradho memanuki Gajah Seno anggenipun badhe mecah kahananipun si Bungkus.” Hyang Naradho, “Ngestokaken dhawuh paduko Adhi Guru.”
Sakbanjure Hyang Guru dhawuh marang Bathoro Bayu, “Kulub Bayu, moro siro ugo enggal tumuruno ing alas Mandholosroyo. Inggal paringono busono si Bungkus sakdurunge kalakon pecah. Lan siro ojo kelalen si Bungkus wenehono nugroho awujud kaskten sak murwate.” Bathoro Bayu, “Inggih romo Pikulun. Kng putro doyo-doyo nindakaken dhawuh paduko.”
Ing Negoro Astinopuro Patih Haryo Suman kang piƱatah ngawat ngawati si Bungkus rumongso lego atine. Toto lair bakal ngawa-ngawati nanging ing batinane bakal anggampangake pengajabe nyirnakne Bungkus kang dianggep bakal dadi kliliping poro Kurowo olehe kepingin bakal nguwasani kamukten negoro Astino. Pirang-pirang rekodoyo kanggo nyirnakake si Bungkus dilakoni dening poro Kurowo atas Iguh pratikele Patih Haryo Suman ewodene isih durung kasembadan.
Ing alas Mandholosroyo Hyang Naradho wis mrepegi Gajah Seno kang lagi topo. Sakwise jugar oleh topo nuli Pikulun Narodho ndhawuhake kang dadi margane Gajah Seno kasembadan gegayuhane. Sak naliko si Seno angupadi anane si Bungkus ing pangajab bakal binuko.
Bathoro Bayu ora keri wis tedhak ing alas Mandholosroyo lan tumuli mlebu Bungkus sakperlu amaringi busono lan kasekten marang si Jabang Bayi.
Ora sawatoro suwe praptaning Gajah Seno banjur ngudhal-udhal si Bungkus nganggo gadinge kang landhep. Wis titi mangsane mulo si Bungkus biso binuko lan njegereng metu bocah jejoko kang gagah prakoso. Rumongso ono sing amrowoso Bocah mau nuli tandhing yudolan Gajah Seno. Gajah Seno kelakon diprawoso dening si Jejoko ilang kuwandhane gajah nyawiji marang bocah jejoko.
Hyang Naradho lan Batoro Bayu banjur nemoni bocah kang lahir songko bungkus lan dhawuhake babagan lelakon kang wis dumadi. Awit sibungkus suwe olehe lair iku dianggep topo broto, lan  sing iso buka bungkus si Gajah Seno. Akhire si Bungkus diwenehi tetenger Brotoseno. Ing tembe mburine Brotoseno dadi satriyo Panenggak Pandhowo. Dosonamane Brotoseno antarane BIMA, ABILOWO, WERKUDORO lan isih ono maneh liyane. Tancep Kayon