Ojo sok gampang
janji wong manis
yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo nimas
ora agawe cuwo
Tansah ngugemi
tresnamu wingi
jebul amung lamis
koyo ngenteni thukuling jamur
ing mongso ketigo
Aku iki prasasat
loro tan antuk jampi
Mbok ojo amung lamis
kang uwis banjur dhidhis
Akeh tulodho...kang dhemen cidro
Uripe rekoso
Milih nyawiji ngendi suci
tanggung bisa mukti
dening Manthous
