Aja turu sore kaki
Ana dewa nganglang jagat
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
sandhang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narimo
Ana tulising Hyang Widhi
Yen wong sabar lan narimo
Ginanjar dawa umure
Sugih kadang pamong mitra
Kinacek ing sasama
Yen lagi lara wong iku
Gampang nggone antuk tamba..