Sabtu iku kabeh gaweanku wis rampung. Kabeh konco kantor wis podho bali. Ora keri aku ugo ndang ringkes-ringkes barang kang digawe nyambut gawe. Sak banjure aku toto toto mulih menyang Jombang. Motor dak stater trus mak cuzzz aku wis mlaku tumuju terminal Bungurasih. Ndilalah tekan bunderan Waru aku salah jalan, sing kudune aku belok kanan kedadak belok kiri neng arah Sidoarjo. Suasana embong ruame. aku fokus neng perjalananku. Nanging aku ora sadar lek kiwo tengenku akeh kendaraan kang nutupi jalurku. Aku kudune lewat jalur ngisor dadi terus munggah. motorku mlaku banter neng embong mudhun. Eeee tibake neng posisi ngisor wis siap Pak POLISI sing razia bagi pelanggar jalur. Mak Tratab atriku entek....Bejane ono mas sopir sing numpak montor Pick Up nylathu..." Cak enek Operasi...!!! Waduh... jawabku. Tenang ae Cak..Peyan mlakuo neng sish tengene mobilku alon-alon...Matur suwun Cak." Akhire aku banting setir arah kanan mobil Pick Up alon-alon. Alhamdulillah akhire aku lolos teko Pak Polisi sing razia..."Slamet..slamet..slamet..!!! Sepurane Pak Polisi aku wis nglanggar jalur...:::D